Notasi Gendhing Bedhayan Udan Soré, Ldr Peksi Kuwung, Ktw Saraswati Sl.6 Karawitan RRI Surakarta,

Sdílet
Vložit
  • čas přidán 8. 09. 2024
  • Gendhing Bedhayan Udan Soré kethuk 2 kerep minggah 4 kalajengaken
    Ladrang Peksi Kuwung kasambet Ketawang Saraswati trus Ayak-ayakan Sl.6
    Karawitan RRI Surakarta.
    Kawimbuhan Notasi Gendhing
    Cakepan Gd Udan Sore Bedhayan Sl.6
    Merong
    1. Riris wanci serap suryo
    Madyaning wono kaniyoko
    Satriyo gung luhur panenggak ing Pandowo
    Anenggih dyan Hariyo Werkudoro
    Alon hu matur ingkang roko
    Prabu Yudistiro
    Duh kakang prabu jroning wono
    2. Yekti tan ono kamulyan
    Nyoto sadelo kapiyarso
    Hanggero kang singo singo
    Hambaung srenggolo karem amongso jalmo
    Eling kakang ratu Drupadi
    Tansah margiyuh rino wengi
    Karendhet ri bandil
    Bebondhotan nyampinge sebit
    3. Sirno putri ning Narpati
    Merang nangis kawlan asih
    Gung nalongso nutuh diri
    Enget duk ing nguni reh sirnaning Nagari
    Kaduk wani sesukan dhadhu
    Ngendro Prastho samengko komplang
    Labet kakang Prabu
    Dhahat amberung ngaji pupung.
    Inggah
    1. Hananggapi Prabu Puntodewo maring
    Werkudoro yayah esmu ngundomono
    Kadang ingsun siro kang rumongso luwih
    Dene wona wani taruno amulang kadang wredho
    Lir Dewo kang wenang andum kabahagian mring pro titah
    Siro kudu eling Titah amung dermo anglakoni
    Yayi .... esthining tyas tan anjarak
    Kadurhakan ketang nuhoni janji.
    2. Lamun siro wruhing gati analiti
    Olo becik iku praboting dumadi
    Kang mangkono dadyo pandadaring dhiri
    Pun kakang tan runtik sanadyan Kurowo nandur serik
    Hamung dadi sarono pro Pandhowo kendhang tilar Projo
    Marmo darbe trekah cidro jroning podo asesukan
    Dhadhu .... sopo cidro kasangsoyo
    Lamun kongas yayi arso ngraboso
    3. Ha ngendelken dupeh siro gung aluhur
    Gagah panggah angadoni ing prang pupuh
    Yen mangkono iku ingaran amberung
    Singlar ing prajanji lir sudro sayekti kumalungkung
    Iku tanpo guno becik yen saranto anarimo
    Ing pandum Pangwoso mring Jawoto luhung kang miseso
    Jagat .... wauto sang Werkudoro
    Dres kang riwe lir jawah wanci sore .
    Ldr. Peksi Kuwung
    1. Yoto wou
    Sumewo ing ngarso Noto
    Nenggih Raden Sumantri
    Kagyat ingkang mulat
    Tinarko Dewo darat
    Kadorowekasan sang Sri Arjuno Sosro
    Mangkono ngandiko ris
    2. Kacarito
    Ing dusun Widoro kandhang
    Anenggih sang Apekik
    Raden Noroyono
    Myang sang Dyah Brotojoyo
    Miwah Niken Larasati aginem raras
    Ing bab sawiji wiji.
    Ktw Saraswati
    Datan ngawruhi kang tekane tanpo sangkan
    Angejo wantah sang Batari Saraswati
    Sayekti handayani mekaring sanggyo budoyo
    Kalamun kadulu maweh bangkit jroning kalbu
    Lelewane sesinome yen cinondro anglamlami
    Raras ngarih arih ririh angarah arah
    Panjalmane Saraswati
  • Hudba

Komentáře • 66

  • @yustinusherususanto1337
    @yustinusherususanto1337 Před 2 měsíci

    Nyamleng tenan..

    • @SGRRISka
      @SGRRISka  Před 2 měsíci

      Matur nuwun, mugi handadosno panglipur.

  • @SuhardiDrs
    @SuhardiDrs Před 4 měsíci

    Mantap...

    • @SGRRISka
      @SGRRISka  Před 4 měsíci

      Sugeng nglaras, matur nuwun

  • @suparminamin9056
    @suparminamin9056 Před 2 měsíci

    👍👍👍👍👍👍👍👍❤️❤️❤️❤️❤️❤️🙏🙏🙏🙏🙏

    • @SGRRISka
      @SGRRISka  Před 2 měsíci

      Matur nuwun sugeng nglaras.

  • @ap6388
    @ap6388 Před 10 měsíci

    Saestu nyamleng.matur nuwun

    • @SGRRISka
      @SGRRISka  Před 9 měsíci

      Matur nuwun sampun pinarak, Sugeng nglaras.

    • @SGRRISka
      @SGRRISka  Před 9 měsíci

      Matur nuwun sampun pinarak, Sugeng nglaras.

  • @herusugiyo2052
    @herusugiyo2052 Před 6 měsíci

    Nglanyut..nyondong raos...matur suwun..

    • @SGRRISka
      @SGRRISka  Před 6 měsíci

      Matur nuwun ugi sampun pinarak, Sugeng nglaras.

  • @teguhbudiono5621
    @teguhbudiono5621 Před 5 měsíci +1

    Kulo sampun sepuh mirengaken sampun remen namung dedongo mugo lestari budoyo kito amin

    • @SGRRISka
      @SGRRISka  Před 5 měsíci

      Aamiin, matur nuwun Sugeng nglaras.

  • @samhadi6226
    @samhadi6226 Před rokem +2

    Budaya seni Jawa mendunia

  • @latiwiw5410
    @latiwiw5410 Před 2 lety +2

    Matur sembah nuwun sanget paringipun cakepan geronganipun.. saengga kawula saged hanyinau

    • @SGRRISka
      @SGRRISka  Před 2 lety +1

      Nggih sami2 matur nuwun ugi sampun pinarak ... Salam Budaya

    • @latiwiw5410
      @latiwiw5410 Před 2 lety

      @@SGRRISka garapanipun ing riki jangkep sanget .. saestu hakarya marem jro wardaya. Matur nuwun ..
      Salam budaya ugi..
      Kawula pun Priyono ....

    • @latiwiw5410
      @latiwiw5410 Před 2 lety

      Katemben menika kula mireng Ayak Nem dipun garap mrabot.. jann nyamleng sanget ..joss pokokipun..

    • @SGRRISka
      @SGRRISka  Před 2 lety

      @@latiwiw5410 ... Aamiin, matur nuwun Supportipun

  • @TRESNOBUDAYA
    @TRESNOBUDAYA Před 8 měsíci +1

    Nyokromanggilingane kodrat pinesthi dumadi ,ning kito wenang miradati ,.milo haywo sok rumongso biso ,ning sing bisoa rumongso ,nek sugih ojo sumugih nyokromanggilingane kodeat ,becik ketitik olo ketoro ,nandur ngunduh utang balekno milo gesang mung sak madyo kemawon jo mung nuruti nafsuneng diri

    • @SGRRISka
      @SGRRISka  Před 8 měsíci

      Kasinggihan Bopo, kados cakepan Gd Bdy udan sore meniko ugi kawruh luhur, matur nuwun panyaruwenipun ugi kawruh luhuripun. nuwun

  • @elcrops3465
    @elcrops3465 Před 8 měsíci

    Saenipun sadengah Gending dipun kanteni pangriptanipun kejawi Gending kuno

    • @SGRRISka
      @SGRRISka  Před 8 měsíci

      Nuwun sewu menawi babakan pangriptanipun kulo kirang paham, mbok bilih wonten ingkang mangertos pangriptanipun sumonggo kulo aturi nyerat wonten mriki supados sedoyo sami pirso sedoyo, matur nuwun. salam budaya.

  • @suhadisuhadi3730
    @suhadisuhadi3730 Před rokem

    Terimakasih akan saya tonton sukabanget semoga canel anda. Aman. Selamat jaya di udara

    • @SGRRISka
      @SGRRISka  Před rokem

      Aamiin, Matur nuwun sugeng nglaras.

  • @rambatsutarno9363
    @rambatsutarno9363 Před 2 lety +4

    Nyuwun pirsa tetiga waranggana punika sinten mawon .
    Mantab kompak

    • @SGRRISka
      @SGRRISka  Před 2 lety

      menawi tetigo waranggono ing gambar meniko ibu Sukati, Sulastri, Supini, menawi ingkang nyuwanten ing audionipun meniko waranggono jangkep RRI Ska, samangke sampun purno tugasipun
      Swarawati Jangkep Saking th 2010 . 1.Ibu Paniyati, 2.Ibu Tarini, 3.Ibu Sulasmi, 4.Ibu Sularni, 5.Ibu Sukati Harmoko, 6.Ibu Sulastri, 7.Ibu Supini.

    • @elcrops3465
      @elcrops3465 Před 8 měsíci

      Punopo sedoya waranggono Niki kalebet (pns RRI kados ibu Tugini dll)?

    • @SGRRISka
      @SGRRISka  Před 4 měsíci

      @@elcrops3465 Inggih sedoyo PNS

  • @wirantoranto3194
    @wirantoranto3194 Před 2 lety +1

    Gd udan sore... Lanjut

  • @marinowae8416
    @marinowae8416 Před 2 lety +2

    Sae sanget kagem sinau
    Mbok menawi kepareng ngandape notasi paringi cakepan ,sembah nuwun

    • @SGRRISka
      @SGRRISka  Před 2 lety

      Matur nuwun sampun pianrak ,,, Cakepanipun wonten panggenan Diskripsi Bopo

    • @SGRRISka
      @SGRRISka  Před 2 lety

      Matur nuwun sampun pianrak ,,, Cakepan wonten panggenan Diskripsi

  • @mardisiswanto4861
    @mardisiswanto4861 Před rokem +1

    Lestarikan buyaya jawa

  • @wirantoranto3194
    @wirantoranto3194 Před 2 lety +1

    Gd. Peksi kuwung jampi kagem derek wungon dalu niki.... Nopo boten rwkaman wayange to Pak kuli remen Dalang Pak Anom Suroto lo....

    • @SGRRISka
      @SGRRISka  Před 2 lety

      Monggo sugeng wungon bopo .. mboten gadah rekamanipun Wayangipun Pak Anom ,

  • @GunawanGunawan-of3fu
    @GunawanGunawan-of3fu Před 4 měsíci

    Klo remen sanget mnawi saget yuwun cakepan ipin

    • @SGRRISka
      @SGRRISka  Před 4 měsíci

      Cakepanipun wonten panggenan Diskripsi , matur nuwun sugeng nglaras.

  • @sukarnokridodarsono1717

    Laras mantap rekamannya bagus

    • @SGRRISka
      @SGRRISka  Před rokem

      Matur nuwun Sugeng nglaras

  • @TRESNOBUDAYA
    @TRESNOBUDAYA Před 8 měsíci

    Mohon bass nya dan trebell , volume ditambahi buat sinau ,biar peka vocalnya

    • @sugiyarto8331
      @sugiyarto8331 Před 8 měsíci

      Nggih matur nuwun.

    • @SGRRISka
      @SGRRISka  Před 8 měsíci

      Nggih matur nuwun panyaruwenipun, nyuwun pangapunten janipun sampun kulo mixing paling sae saking hasil aslinipun, panci niki kolomben hasil rekamanipun panci kirang sae, pramilo manggo pun iwahi wonten soundipun piambak2, nuwun.

  • @WigatiWonosari-ds9ev
    @WigatiWonosari-ds9ev Před 9 měsíci

    Maturnuwun RRI surakarta

    • @SGRRISka
      @SGRRISka  Před 9 měsíci

      Matur nuwun sampun pinarak, Sugeng nglaras.

  • @samija4758
    @samija4758 Před rokem

    gendinge nggrantes , gambaraken tiang gesang ampun namung seneng terus , ilok kolomongso kedah ngalami nelobgso , roda mubeng saupaminipun sabar narimo sopo gawe bakal nganggo , becik ketitik olo ketoro ,niki kulo nyetel jam 1 . 7 menit ndalu wonten ing kito cimahi

    • @SGRRISka
      @SGRRISka  Před rokem

      Matur nuwun sampun pinarak, ugi matur nuwun awit dono raos gegambaran tiang ngagesang ing bebrayan agung meniko,sugeng nglaras, matur nuwun.

  • @jokowaluyo7575
    @jokowaluyo7575 Před 2 lety +2

    Admin tlng di tambahke ldr pangatak

    • @SGRRISka
      @SGRRISka  Před 2 lety

      Mbok bilih mangke wonten kulo tambahaken, matur nuwun sampun pinarak

  • @paksularno3068
    @paksularno3068 Před rokem +1

    nerek nglaras mas gd garap bedayan remenan kulo mas

    • @SGRRISka
      @SGRRISka  Před rokem

      matur nuwun, sugeng nglaras

  • @tartomeubel2315
    @tartomeubel2315 Před 2 lety +2

    minta cakepan notsi gerong mkasih

    • @SGRRISka
      @SGRRISka  Před 2 lety

      monggo mas katuran mbikak Diskripsi, cakepan Gd Bedhayan Udan sore sampun kaserat

  • @wirantoranto3194
    @wirantoranto3194 Před 2 lety +1

    Meniko nembe nglaras Gd. Bedayan

    • @SGRRISka
      @SGRRISka  Před 2 lety

      Sugeng nglaras sinambi nenggo wayah buko.

    • @wirantoranto3194
      @wirantoranto3194 Před 2 lety

      Inggih matur nuwun paringipun hiburan

  • @nikolaadiputrakdr9584
    @nikolaadiputrakdr9584 Před 2 lety +2

    Nuwun sewu menawi kepareng kula nyuwun cakepanipun gending menika 🙏🙏

    • @SGRRISka
      @SGRRISka  Před 2 lety

      Ketlidut mas ... Mangke yen kepanggih kulo tulis wonten diskripsi

    • @nikolaadiputrakdr9584
      @nikolaadiputrakdr9584 Před 2 lety +1

      @@SGRRISka nggih siap 🙏😊

    • @SGRRISka
      @SGRRISka  Před 2 lety

      @@nikolaadiputrakdr9584 ... monggo mas katuran mbikak Diskripsi, cakepan Gd Bedhayan Udan sore sampun kaserat

    • @nikolaadiputrakdr9584
      @nikolaadiputrakdr9584 Před 2 lety

      @@SGRRISka nggih siap.. maturnuwun sanget 🙏🙏😊

    • @samhadi6226
      @samhadi6226 Před rokem

      ​@@SGRRISka qww