Tata Pangabekti||Minggu Keliwon, 7 Juli 2024||"DHAWUHE GUSTI KANG DADI SANGU"

Sdílet
Vložit
  • čas přidán 5. 07. 2024
  • Minggu 7 Juli 2024
    Votum lan salam (sahutan: Amin 3x)
    KPJ 320:1-4 Kang nuntun lampah utama.
    Pengaken ing pandonga pribadi, kalajengake pandonga badhe nampa sabda.
    Leksionari:
    2 Samuel 5:1-5, 9-10 (petugas 1)
    Mazmur 48 (sesahutan)
    2 Korintus 12:2-10 (petugas 2)
    KPJ 67:1-2
    Markus 6:1-13 (pengkhotbah)
    DHAWUHE GUSTI KANG DADI SANGU
    Injil Markus 6:1-13
    Markus 6:8 (LAI, 1994)
    Piwelingé marang para muridé: "Kowé aja padha nggawa apa-apa sajroning lakumu, kejaba mung nyangking teken. Aja nggawa roti, aja sangu dhuwit.
    KPJ 137, Sak prakara kang pantes den upadi.
    Wong lelungan iku butuh sangu. Wong tuwa ora mung nyangoni donga kanggo anake sing kuliah lan mondhok ana kutha liya. Malah nalika ana tamu sing pamitan, kerep sing duwe omah iku nggawani sangu kanggo oleh-oleh. Apa maneh menawa anggone lunga iku diutus supaya nindakne pakaryan sing didhawuhake dening sing ngutus, sangune mesthi dietung bakal cukup nganti pegaweyan iku rampung. Nanging Gusti Yesus nalika ngutus para murid malah menging para murid nggawa sangu. “Aja padha nggawa apa-apa, aja nggawa roti, aja sangu dhuwit, kena nganggo sepatu, nanging aja nggawa klambi rangkep” (Mark.6:8-9).
    Sangune para murid budhal martakake Injil iku dudu dhuwit utawa beras. Gusti nyangoni peparing kanggo nundhungi dhemit, lan kwasa kanggo martakake Injil Kratoning Allah, supaya sing gelem ngrungokake piwulang padha mratobat, melu mlebu dadi umat ing Kratoning Allah kang rawuh, lan wong-wong sing lara diwarasake nganggo diblonyo ing lenga.
    Dhawuhe Gusti kang wus ngutus iku sangu sing wis cukup, malah kepara turah. Ndherek makarya leladi ing pakaryane Gusti iku sangune mung sedya lan sumuyud ngestokake dhawuhe Gusti. Peparing sihrahmate Gusti iku linuwih marang para abdi sing makarya leladi. Wulan Juli iki, parepatan pradhataning pasamuwan GKJ Purwantoro wis mbubarke panitia tahbisan pandhita, lan gantine netepake panitia timbalan pandhita. Ora ana dana timbalan sing kanggo sangu panitia nyambut gawe, nanging menawa pasamuwan kita yakin iki dhawuh lan timbalane Gusti, Gusti bakal nyawisake sakabehing kabutuhan kita. Greja sing santosa iku nalika makarya leladi, ora amarga akehe dana ing program greja, nanging tansah ngandelake peparing sihe Gusti paring kacukupan malah dadi kaluberan.

    Amin.
    Pandonga:
    Ingkang kawula suwun namung panganthi, lan tansah tinunggil ing sihrahmate Gusti, ing selaminipun.
    Wekdal Ening.
    KPJ 314: Wonten ing Bujana Swarga
    Bujana
    Pandonga sokur lan syafaat.
    Pisungsung, KPJ 337: Dhahat nyawaku arerem.
    PENGAKEN PITADOS RASULI
    Pengutusan lan Berkah.

Komentáře •