ATAS ASMANE SANG YEHUWAH || Renungan Padinan GKJ Purwantoro || Sabtu Kliwon 22 Juni 2024

Sdílet
Vložit
  • čas přidán 20. 06. 2024
  • RPD GKJ Purwantoro, Setu Kliwon, 22 Juni 2024
    Syalom Pasamuan kinasih wonten ing patunggilanipun Gusti Yesus Kristus, pinanggih malih wonten renungan padinan GKJ Purwantoro, Setu Kliwon, 22 Juni 2024.
    Waosan kitab suci kapetik saking 1 Samuel 17: 45
    “Anggonmu mapagake aku kalawan nggawa pedhang lan tumbak sarta tlempak, nanging aku methukake kowe atas asmane Sang Yehuwah Gustining sarwa dumadi Gusti Allahe Israel, kang koktantang iku.”
    Makaten sabda pangandikanipun Gusti, rahayu ingkang sampun mirengaken, ngraos-ngraosaken, saha ngestokaken wonten ing sauruting gesangipun. Haleluya. Amin.
    Pasamuan kinasih, renungan wonten ing wekdal punika kaparingan jejer “ATAS ASMANE SANG YEHUWAH”
    Perkarane urip jaman saiki iku sangsaya ruwet lan angel.
    Mbacutke sekolah, golek gawean, omah-omah, ngrembakakake usaha, kabeh mbutuhake wragad. Butuhake dhuwit, malah mbok menawa ana sanadyan nyilih, ora masalah. Mengko yen pambudidayane kasil, bisaa kanggo nglunasi utang-utange.
    Banjur kepriye nalikane uwis mbudidaya mrana-mrene panggah ora nggegem dhuwit?
    Apa ya kelakon meneng bae banjur prakarane rampung dhewe?
    Ora!!!
    Tantangane urip kang sarwa nggegirisi iku pindha Dawud ngadhepi prajurit Filistin kang nggawa pedhang, tumbak lan tlempak komplit karo kere lan topong tembaga.
    Mangka Dawud ora nggawa gaman apa-apa kejaba teken, bandhil lan watu kali klimis cacah lima.
    Dheweke ya ora tetameng apa-apa kejaba sandhangan sapangadeg kaya adate wong angon wedhus.
    Coba yen awake dhewe kudu ngadhepi musuh kang gedhe dhuwur nggawa piranti perang kang komplit, wondene awake dhewe ora nggawa apa-apa, mesthi bae bakal gumeter lan giris.
    Tangeh lamun bisane unggul wong ora duwe gegaman. Begjane, kumandele Dawud marang Gusti Allah kang murbeng dumadi iku ngungkuli sakehe gegamane mungsuh.
    Jalaran kumandel kawasesane Gusti iku ngungguli sabarang pitulung kang ana ing jagad.
    Dadine ora mokal yen dheweke bisa ngalahake prajurit Filistin iku atas asmane Sang Yehuwah.
    Wasana, awit berkahe Gusti, watu kang dibandhilake angrem ing bathuke Prajurit Filistin, nganti tiba krungkep kapralaya.
    Kang iku aja giris lan wedi ngadhepi tantangane urip, jer Gusti Allah kang darbe urip kawogan mitulungi.
    Sak uger padha dene kumandel ing Gusti. Pandongane aja: “Gusti prakara kula agung!” nanging dedongaa: “Prakara, Gustiku agung!” Temahan ora ana prakara kang ora bisa dirampungake nalikane kinanthenan rasa kumandel ing Gusti.
    Sumangga kita ndedonga:
    Guti rama kawula ingkang Maha Agung, puji syukur konjuk Gusti, Paduka sampun nyantosakaken saha tansah paring sih kanugrahan dhumateng kawula sami, kasagedna kawula tansah setya tuhu kumandel dhumateng Paduka, tansah sumarah sarta pitados dhumateng Gusti Yesus Kristus. Tinebihna saking raos giris wonten satengahing bebrayan agung punika awit Paduka tameng kawula.
    . Pinujia Paduka samangke ngantos salami-laminya, wonten ing Gusti Yesus Kristus kawula ndedonga. AMIN

Komentáře • 1