Kidungan Jula Juli Menyambut Bulan suci Ramadhan 2024

Sdílet
Vložit
  • čas přidán 19. 02. 2024
  • Kidungan Jula Juli Puasa Ramadhan
    Karya Cak Slamet Lawak
    pengidung Ariz Wicaksono
    Poss
    gowo tali didekek kebon
    Ojo lali Poso romadhon
    Lombo
    Wulan suci romadhon, Yo Wulan Poso
    Jarwo dusone wong jowo, Poso ngeposno roso
    Setahun sepisan , sak Wulan telung puluh dino
    Minongko mesin kontrol, jiwo Lan Rogo
    Poso iku wajib, tumrape Manungso
    Sing beragama Islam, sak alam ndunyo
    Ayo Podo ngelebur duso
    Nyuwun ampunan ,Gusti kang moho kuoso
    Jroning Poso, akeh rintangan
    Ati ati, Godane syetan
    Ojo cumak ngempet, ngombe Lan mangan
    Gelemo Tulung sing kekurangan
    Rangkep
    Mepes jiwo banting Rogo
    Ojo gampang kenek penggudo
    Penggudo munu marakno Ciloko
    Nek gak duwe doyo bakal sangsoro
    Nglakoni Poso ,akeh penggudo
    Ojo lali Podo ilingo
    Drengki Meri Podo singkirono
    Geting sengit, Podo ilangono
    Dandani keseimbangan iku tujuane
    Ngimbangi jasmani Lan rohanine
    Ojo sampik kliru tingkah lakune
    Supoyo berkah oleh posone
    Rusak ragane owah mentale
    Sing gak beriman ilang takwane
    Sajroning romadhon ayo dirubah kebiasane
    Sing Biyen akeh eleke Saiki akeho apike
    #ludruk #julajulijawa #ahokdjarot #lawak #lakon #ludruk
  • Zábava

Komentáře •