Jaranan Senterewe Tulungagung Putri CONDRO PUTRO BUDOYO { text lirik lagu }

Sdílet
Vložit
  • čas přidán 9. 09. 2024
  • Kesenian Jaranan Campursari Condro Putro Budoyo Desa Batangsaren Kecamatan Kauman Kabupaten Tulungagung
    #Jaranan_Senterewe #Jaranan_Tulungagung #jaranan_Senterewe #jaranan_Condro_Putro_Budoyo #Amburadul_Campursari
    ------------------------------------------------------------------
    Lirik Lagu Jaranan Condro Putro Budoyo
    ------------------------------------------------------------------
    Lirik Lagu Sego Patik
    Vocal : Mas Sutris Gerong
    Editing : mbah kayin
    Tanpo mikir yo gene tansah kroncongan
    Muntar muntir weteng e tansah klisikan
    Soyo kepengen wae nikmati sego patik
    Sego patik gawang gawang
    Blendrang terik e tempe
    Sawor sambel mlandingan
    Trasi dele tumpang kulup
    Godong kates Lembaran
    Dipangan isuk matuk
    Lek mangan sinambi ngantuk
    Dipangan bengi iki sego patik murah meriah
    -------------------------------------------
    Lirik Lagu Ninggal Tresno
    Vocal : Mas Sutris Gerong voc 1
    Mbak Hestu Sinden Voc 2
    Editing : mbah kayin
    Nggonku mikir tansah kedlarung tresnaku
    Nalikane aku ninggalke sliramu
    Abot sajroning ati ing naliko kuwi
    Mbrebes mili luh kang dadi saksi
    Ning tresnaku mring sliramu ra sumelang
    Mung kahanan kang tansah dadi pepalang
    Atiku ra kuwowo nggonku ninggal tresno
    Ning ra biso ati malah loro
    Njerit batin njerit
    Ati miris saben dino adus tangis
    Loro nggonku ngampah soyo loro
    Ninggal tresno gemeter soyo nelongso
    Njerit jroning ati
    Senadyan tresno ora kudu nduweni
    Nanging agawe getere ati
    Bareng ora biso manunggal nyawiji
    reff---
    Nggonku mikir tansah kedlarung tresnaku
    Nalikane aku ninggalke sliramu
    Atiku ra kuwowo nggonku ninggal tresno
    Mbrebes mili luh kang dadi saksi
    Ning tresnaku mring sliramu ra sumelang
    Mung kahanan kang tansah dadi pepalang
    Atiku ra kuwowo nggonku ninggal tresno
    Ning ra biso ati malah loro
    Njerit batin njerit
    Ati miris saben dino adus tangis
    Loro nggonku ngampah soyo loro
    Ninggal tresno gemeter nggonku nelongso
    Njerit jroning ati
    Senadyan tresno ora kudu nduweni
    Nanging mung agawe getere ati
    Bareng ora biso manunggal nyawiji
    ------------------------------------------
    Lirik Lagu Sutini
    Vocal : Mas Sutris Gerong
    Editing : mbahkayin
    Laila hailallah mukhamad darosululolloh
    Sopo kae dik nganggo klambi biru
    Sajak pantes tur katone ayu
    Yen tak sawang amung ngguya ngguyu
    Jebulane anak e pak setu
    Kapan biso dik aku nyanding sliramu
    Prawan ndeso anteng tur yo lugu
    Awak e cilik ora pati lemu
    Yen ra weruh neng sirah dadi ngelu
    E dik sutini
    Prawan ndeso anak e wong tani
    E dik sutini
    Yen ngguyu ora nguwati
    E dik sutini
    Prawan ndeso sregep ngaji
    E dik sutini
    Kapan biso urip nyawiji
    Jaluk opo dik bakal tak turuti
    Klambi anyar bakal tak tekani
    Opo njaluk gelang kalung sing gedi
    Waton sliramu gelem o tak rabi
    -----------------------------------------
    Lirik Lagu Tembang Kangen 2
    Vocal : Mbak Hestu Sinden
    Editing : mbah kayin
    Udan grimis ing wayahe wengi kae
    Tansah ngelingake anggonku kangen slirane
    Senadyan pepisahan roso kangen sesandingan
    Sumendal neng ati lamnglamun lamun kelingan
    Tak titipne wujud sejatine tresno
    Lewat tembang kangen kang kapindo entenono
    Kabar soko aku kang kegowo angin wengi
    Mugo dadi tombo tombo panglipur ing sepi
    Tembang kangen kapindo wujud roso kangen
    Iki tak kirimne mung kanggo sliramu
    Tembang kangen kapindo wujud roso trsno
    Daton biso lali ono angen angen
    Angelamun ngelamun kang tanpo tepi
    Ngelamun mikirne marang wong kang tak tresnani
    Suwe pepisahan mugo enggalo ketemu
    Nadyan ono tembang tak tulis roso kangenku
    -----------------------------------------------
    Lirik Lagu Kalimantan Jowo
    Vocal : Mas Sutris Gerong
    Editing : mbah kayin
    Aku tansah kelingan
    Nadyan manggon ono kalimantan
    Tak rewangi loro lopo
    Nyambut gawe pingin mulyo
    Sabaro nggonmu nunggu
    Entenono nganti sak baliku
    Sinimpen kangene tresno
    Biso ketemu bali ing jowo
    Kalimantan banyu sing tak ombe
    Kabeh mau kang dadi seksine
    Kalimantan nggonku nyambut gawe
    Ning tresnoku yo mung kanggo kowe
    Nadyan adoh ing paran
    Mung tansah gedhe roso katresnan
    Ing kalimantan lan jowo
    Ora biso medotake tresno
    Reff---
    Aku tansah kelingan
    Nadyan aku ono kalimantan
    Tak rewangi loro lopo
    Nyambut gawe pingin mulyo
    Sabaro nggonmu nunggu
    Entenono nganti sak baliku
    Sinimpen kangene tresno
    Iso tetep ndang bali ing jowo
    Kalimantan banyu sing tak ombe
    Kabeh mau kang dadi seksine
    Kalimantan nggonku nyambut gawe
    Ning tresnoku yo mung kanggo kowe
    Nadyan adoh ing paran
    Mung tansah gedhe roso katresnan
    Ing kalimantan lan jowo
    Ora biso medotake tresno
    ------------------------------------
    EDITOR : Mbah kayin Entertaiment Vidio Shoting
    ----------------------------------------------
    Mohon maaf kalau ada lirik lagu tidak sama dengan aslinya,karena Lirik lagu ini sama apa yang ada dalam vidio
    Terima kasih sudah suport di chanel kami // mbah kayin youtube // chanel yang selalu memajukan budaya jawa timur indonesia.
    SELAMAT MENONTON SEMOGA TERHIBUR DAN BERMANFAAT
    SALAM RAHAYU BUDAYA JAWA TIMUR INDONESIA

Komentáře • 28

  • @winnaryo959
    @winnaryo959 Před rokem +1

    Wahh dadi kelingan jaman semmono

  • @mdshofikul491
    @mdshofikul491 Před 2 lety +1

    Sangat terhibur banget kulo mbah kayin.oke mbah kayin salam budaya

  • @INDRAJAYAOFFICIAL
    @INDRAJAYAOFFICIAL Před 3 lety +1

    Malam Mbah mantap nih Mbah sukses selalu Mbah 👍👍👍👍

    • @mbahkayin
      @mbahkayin  Před 3 lety

      selamat malam juga@PGM TV OFFFICIAL iterima kasih hadir dan suportnya

  • @shoiwiraavista1217
    @shoiwiraavista1217 Před 2 lety +1

    12:25

  • @PaguyubanBudayaYoutubeChannel

    Salam Rahayu.. saking Tonggo kutho Trenggalek.. YT pemula nyimak

    • @mbahkayin
      @mbahkayin  Před 3 lety

      Nggih matur suwun saking tanggi deso trenggalek sampun hanyengkuyung Salam Rahayu budaya

  • @fendisetiawan3045
    @fendisetiawan3045 Před 3 lety +1

    JOSS ada teks nya

  • @rarasprianggono5285
    @rarasprianggono5285 Před 3 lety +1

    Bagus sih ini
    Sekarang ada text lagunya.
    Mempermudah yang mau belajar langgam jaranan

    • @mbahkayin
      @mbahkayin  Před 3 lety

      @Raras Prianggono terima kasih hadirnya dan suportnya salam rahayu budaya

  • @THANZHAALMARUFCHANEL
    @THANZHAALMARUFCHANEL Před 3 lety +4

    Sugeng dalu pak kayin , semoga sukses terus , lan rezekine lancar saben bulan

    • @mbahkayin
      @mbahkayin  Před 3 lety

      @THANZA AL MA'RUF CHANNEL matur suwun mas pandongane

  • @mohammadarifin9489
    @mohammadarifin9489 Před 3 lety

    Istimewa niki mbah. Mugi rahayu wilujeng lestari budoyo jawi Jaranan Sentherewe Tulungagung ❤😍😍

    • @mbahkayin
      @mbahkayin  Před 3 lety +1

      Matur suwun @mohammad Arifin salam rahayu budaya

    • @mohammadarifin9489
      @mohammadarifin9489 Před 3 lety

      Salam tepang mbah kulo nggeh cah Tulungagung ndeso tapan Kedungwaru. Sak niki merantau teng Kalimantan 🙏

    • @mbahkayin
      @mbahkayin  Před 3 lety +1

      @@mohammadarifin9489 nggih mas mugi kraos pados rojo koyo nipun,mugi vidio" kulo saget damel jampine kangen tulungagung,semangat

    • @mohammadarifin9489
      @mohammadarifin9489 Před 3 lety

      @@mbahkayin aamiin.. Leres mbah sanget sanget menghibur saget nambani kangen

    • @mdshofikul491
      @mdshofikul491 Před 2 lety

      Aku yo wong tulungagung juga merantau tapi dimalaysia aku cewek merantauku baru 4 th, kamu berapa th merantau di kalimantan. Salam yo podo2 merantau podo2 wong tulungagunge

  • @sokornyangchannel
    @sokornyangchannel Před 3 lety +1

    Hadir mbah.. Delok ciwi2

  • @jiwoyogafitnessgym9408

    Mantab

    • @mbahkayin
      @mbahkayin  Před 3 lety

      Terima kasih hadir & suportnya salam budaya

  • @satriagalihpratamachannel

    SALAM KENAL DULURR PSJ. PECINTA SENI JARANAN BUDAYA JAWI TULUNGAGUNG SENIMAN & SENIWATI SE TULUNGAGUNG & SE JAWA TIMUR DARI JARANAN SENTHEREWE KREASI CAMPURSARI TURONGGO SAKTI DARI BORO, KEDUNGWARU, TULUNGAGUNG & JARANAN KUDA BHIRAWA DARI BUNGUR, KARANGREJO, TULUNGAGUNG MAS🙏🙏🙏

    • @mbahkayin
      @mbahkayin  Před 2 lety

      Terima kasih matur suwun Hadir & Suportnya Salam Rahayu Salam seni budaya jawa timur

  • @miogb2724
    @miogb2724 Před 3 lety

    Mbah kyai salam horegg

  • @maywildan2117
    @maywildan2117 Před 3 lety

    GPS AUDIO meninggggg💪💪